• Icon Home White
  • Contact
  • Privacy Policy
  • About

CERITA BAHASA JAWA part 2


kali ini saya akan posting tentang cerita bahasa jawa part 2. tanpa banyak basa basi. let's see..




“MUSUH DALAM SELIMUT”

                Ing sakwijining dina, Kliwon kang dadi ketua pemuda desa Mrincingan lan Said sing dadi wakile lagi mlaku-mlaku mubeng ndesa Mrincingan. Pas lagi teng ndalan, Kliwon lan Said pethukan kaliyan Pak Carik kang lagi arep kondur saking kelurahan. Pak Carik banjur ngajak Kliwon lan Said mampir neng omahe Pak Carik. Kliwon lan Said diwenehi suguhan kang enak-enak kang dijak jagongan ngomongke Walanda sing wis akeh banget ning ndesane lan ngomongke Pak Lurah sing wis ratau srawung kaliyan masyarakate dhewe. Ing liya omah, Jendral Pieter both yaiku pemimpin walanda sing neng ndesa Mrincingan lagi jagongan karo anak buahe kang jeneganipun Menir. Pas lagi penak-penake jagongan, Menir weruh Pak Lurah, banjur Pak Lurah dikon mampir dijak jagongan. Ing sela-selane jagongan, Pak Jendral ngomong,
“ehhmm,,Pak Lurah, Saya dan pasukan saya kesini punya tujuan, yaitu tentu saja menguasai desa ini. Jika tidak ingin ada korban, Pak Lurah harus memindahkan warga disini secepatnya…!”  
“Niku saget diatur..,ananging wonten syarate. Syarate yaiku kula kudu diangkat dados Gubernur lan diwenehi duit 1 milyar, piye??” Jawabe Pak Lurah. Jenderal mau nyanggupi. Banjur Pak Lurah pamit arep mulih. Ora sengaja Pak Carik krungu anggone Jagongan Pak Lurah kaliyan Jendral Pieter both. Pak Carik banjur nggedumel, “Ooo…saiki Pak Lurah sekongkol to karo Landa Edan, kudu tak omongke Kliwon iki.”
                Ing dina sak banjure, Kliwon, Said, Tompel, lan Perdet lagi padha jagongan ing Pos Rondha. Isine yo mung padha ngudarasa soal wong wadon. Pas Kliwon lagi ngadeg dumadakan ana “guuubrraak”. Jebule Pak Carik nabrak Kliwon. Bejane, Kliwon ora lara apa-apa. Banjur Kliwon takon marang Pak Carik,
“Nopo to Pak Carik kok ndadak nabrak kula barang.. kok gage-gage??” takone Kliwon
“Aku ki di oyak Landha edan e. Yowis saiki padha ngumpet neng omahke wae yoo. Ndak di bedhil karo landa edan mau.” Jawabe Pak Carik”
“Yooo..” Kliwon, Said, Tompel, lan Perdet njawabe bareng.Pas neng omahe Pak Carik kandha marang pemuda nek Pak Lurah saiki wis sekongkol karo Landa, banjur pemuda ngrencanakake arep nggrebek Pak Lurah yen pas Jagongan karo wong Landa.
                Neng daleme Pak Jendral Pieter both, Pak Lurah ngendika yen masyarakat ndesane wis padha pindah. Pas lagi penak-penake ngobrol, dumadakan Kliwon lan Pak Carik mlebu omahe Jendral tanpa kula nuwun. Pak Lurah sing kaget langsung njenggirat, banjur kliwon omong,
“ooo…saiki Njenengan kanca to karo Landa..?”
“terus ngapa?? Ra trimo po pye…??” jawabe Pak Lurah. Banjur Pak Carik nyaut,
“Yo jelas ra trimo.. arep dadi Negara apa nek pemimpine we khianat. Wuuu pancen “MUSUH DALAM SELIMUT”.
Dumadakan Said,  Tompel, lan Perdet nyergap Mener lan Pak Jendral saking mburi omahe Pak Jenderal Pieter Both lan Kliwon nyergap Pak Lurah, Pak Carik banjur njipuki senjatane Landa. Pas arep njipuk senjatane Pak Jendral Pieter Both, ora sengaja Pak Carik ngenani pelatukipun bedhile lan Plurune nancep pas nggone dadane Pak Lurah, banjur Pak Lurah mbengok lan langsung tiba seko kursi sik nggo lingguh Pak Lurah. Banjur, Menir lan Pak Jendral Pieter Both dirut karo Said, Perdet, Lan Tompel neng wit klapa nganggo dadung. Banjur masyarakat padha ngumpul neng omahe Pak Jendral Pieter Both lan nyuwek gendera landha kanga wale warnanipun abang, Putih, biru dadi warna merah putih. Banjur Warga Mrincingan ngrayakake kanthi dhahar sareng sareng ing daleme Pak Carik.

-= SAMPUN =-

FeedLangganan Artikel Terbaru kami via Email

» Cek Email Anda untuk konfirmasi berlangganan

Share This Article
Your Comment :

Categories

Pengetahuan Umum (38) Software (14) Tips (14) game (12) WE9 (8) English Fun (5) Jawa (4) Antivirus (2) Lirik (2) Agama Islam (1)

Statistic


Check PageRank

Followers