• Icon Home White
  • Contact
  • Privacy Policy
  • About

Conto Pranata Cara / MC Perpisahan kelas 9 basa Jawa



Assallamualaikum wr.wb

Panjeneganipun Bapak Brian O’Connor, M.Pd. minangka Kepala SMP N 1 Godean ingkang satuhu dhahat kinurmatan,
Panjeneganipun Bapak Morgan Freeman, M.Pd. S.E. minangka Ketua Komite SMP N 1 Godean ingkang dhahat kinurmatan,
Para rawuh tamu undangan ingkang kula kurmati,
Lan sedaya rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Sumangga Langkung rumiyin kita tansah ngaturaken raos Puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringaken rahmat, hidayah, lan kasarasan dhumateng kula lan panjenengansatemah wonten ing wanci menika kita saget makempal wonten SMP N 1 Godean ingadicara perpisahan siswa siswi kelas 9 SMP 1 Godean kanthi raharja mboten wonten alangan setunggal punapa. InsyaAllah.
Wonten Ing titiwanci menika, kula dados Pranata Cara badhe ngaturaken susunan acara :

           1.   Satunggal inggih menika Pambuka,
  1. Acara kaping kalih inggih menika atur pangandikan kepala sekolah SMP 1 Godean,
  2. Acara kaping tiga inggih menika atur pangandikan saking ketua panitia SMP N 1 Godean ,
  3. Acara kaping 4 inggih menika atur pepisahan  saking wakil kelas 9,
  4. Acara kaping 5 inggih menika atur pangandikan saking wakil kelas 7 lan 8,
  5. Acara kaping gangsal inggih menika panutup.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Mangga acara wonten enjang menika kita wiwiti kanthi waos Basmallah kula aturaken ..

Acara ingkang angka kalih inggih menika atur pangandikan saking Bapak kepala sekolah SMP N 1 Godean, Dhumateng Bapak Brian O’Connor, M.Pd kula sumanggakaken
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun kula aturaken dhumateng Bapak Brian O’Connor, M.Pd,
Acara ingkang angka tiga inggih menika atur pangandikan saking ketua Panitia, dhumateng Sdri. Resvilia Nurzikiresa kula sumanggakaken,
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun kula aturaken dhumateng Sdri. Resvilia Nurzikiresa,

Acara ingkang angka sekawan atur pepisahan saking kelas 9, dhumateng Sdri. Sagita Mutiara S. Kula sumanggakaken, -----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------Matur nuwun kula aturaken dhumateng Sdri. Sagita MS.
Acara ingkang angka gangsal inggih menika atur pangandikan saking wakil kelas 7 lan 8, dhumateng Sdri. ....... Kula sumanggakaken, ----------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------- Matur nuwun kula aturaken dhumateng sdri. ........
Acara ingkang pungkasan inggih menika panutup lan kalajengaken kanthi acara kembul dhahar. Mangga kita tutup acara menika kanthi maos Hamdalah sesarengan, kula sumanggakaken. -------------------------------------------- Lan Para rawuh disumanggakaken mlebet ing ruang Aula kangge acara kembul dhahar. maturnuwun
Saking kula minangka MC kathah kalepatanipun, inggih awit cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, keparenga panjenengan sedaya paring agenging samudra pangaksami.
Wassalamualaikumwr.wb.










Matur nuwun kula aturaken dhumateng kanca-kanca ingkang sampun mentasaken kesenian tradisional Ngayogyakarta

Para undangan ingkang kinurmatan sak derengipun acara wonten enjang menika dipuntutup mbok bilih anggen kula nglampahaken  acara wonten enjang menika khatah kalepatan saha kekirangan kula aturaken nyuwun pangapunten dhumateng para undangan ingkang kinurmatan. Mangga acara wonten enjang menika kita tutup khanti waos Hamdallah kula aturaken.


Wasallamuallaikum wr wb

FeedLangganan Artikel Terbaru kami via Email

» Cek Email Anda untuk konfirmasi berlangganan

Share This Article
Your Comment :

1 Comment:

Ngakak ancok. O connor ama morgan freeman 😂

Categories

Pengetahuan Umum (38) Software (14) Tips (14) game (12) WE9 (8) English Fun (5) Jawa (4) Antivirus (2) Lirik (2) Agama Islam (1)

Statistic


Check PageRank

Followers