• Icon Home White
  • Contact
  • Privacy Policy
  • About

Contoh Sesorah/ Pidato Bahasa Jawa tentang kemerdekaan Indonesia






Assalamualaikum wr.wb
Panjenenganipun Bapak Mulyono S,pd. Minangka ketua takmir Masjid Al-Kautsar ingkang satuhu dhahat kinurmatan.
Bapak bapak ingkang kinurmatan
Lan kanca-kanca remaja Masjid ingkang kula tresnani.
        Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sareng-sareng ngaturaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi kanikmatan, kesehatan, raharja, lan kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan, satemah ing wanci menika kita saged makempal manunggal wonten mriki kanthi sehat wal ‘afiat, kangge mengeti dinten kamardikan Indonesia utawi 17-an.
        Para rawuh ingkang minulyo.
        Wonten ing wanci punika, kita saged ngenang malih prastawa ingkang ajrih dhumateng sedaya bangsa Indonesia, inggih menika dinten kamardikan 17 Agustus. Kamardikan menika anggadahi artos, yaiku bangsa Indonesia sampun mardika lan bebas saking para penjajah ingkang padha durjana. Para pemudha lan pahlawan-pahlawan ing jaman sakmenika padha toh nyawa kangge mbebabasaken Indonesia saking panjajah negeri menika.
        Menawi kita ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, menika atusan tahun dipun jajah dening bangsa asing, inggih menika dipun jajah dening walanda, portugis, Inggris, Jepang, lan liyan-liyanipun. Indonesia mboten anggadahi kebebasan. Ngantos atusan tahun rakyat Indonesia urip ing cengkramanipun kaum penjajah. rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, ditindas lan dipun aniaya dening bangsa asing. Namung, kanthi rahmatipun Allah SWT lan ugi kanthi semangatipun para pahlawan lan para pemudha bangsa Indonesia ingkang gigih, mboten gampang mundur, para pejuang kita saget ngusir kaum penjajah saking Indonesia, satemah wonten tanggal 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia memproklamasikaken dinten kamardikan Indonesia.
        Parah rawuh ingkang kinurmatan.
Kita saged ngisi kamardikan menika kanthi mujudaken :
  1.       paring pakurmatan dhumateng tiyang sepuh, luwih-luwih para pahlawan.
  2.        sami nglairaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking daerah, nggih kados bahasa jawi menika.
  3.        njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa lan negara.
  4.        Dados pelajar kang becik inggih menika sami ngurmati dhumateng guru, sinau kanthi sregep, lan mboten tawuran.

Lan taksih wonten kagiyatan-kagiyatan positif liyanipun ingkang saged ditindhakaken kangge mengeti dinten kamardikan menika.
          menawi minimal sekawan menika sampun ditindakaken dening kita, InsyaAllah kamardikan menika saget dipunraosaken dening sedaya masyarakat Indonesia. amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalar wonten jiwanipun pemudha-pemudhi Indonesia. Namung, ingkang ajrih nggih menika, kita kedah njagi persatuan, kesatuan, lan karukunan saha mboten ambeda-bedaaken sedherek-sedherek kita supados nagari Indonesia saget gemah ripah loh jinawi.
          Mekaten  atur kula minangka pengetan 17 Agustus menika. Mugi-mugi wonten mampangatipun. Mbok bilih wonten atur saha patrap ingkang boten nuju prana, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kaparenga panjenengan sedaya paring agenging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

FeedLangganan Artikel Terbaru kami via Email

» Cek Email Anda untuk konfirmasi berlangganan

Share This Article
Your Comment :

Categories

Pengetahuan Umum (38) Software (14) Tips (14) game (12) WE9 (8) English Fun (5) Jawa (4) Antivirus (2) Lirik (2) Agama Islam (1)

Statistic


Check PageRank

Followers